Cerita Rakyat

CRITA RAKYAT



A. PENGERTIAN CRITA RAKYAT


          Crita rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen lan sapiturute.


B. TITIKANE CRITA RAKYAT

  • Panyebarane kanthi lesan.
  • Duweni sipat tradhisional.
  • Sugih cakrik lan variasi.
  • Jenenge pangriptane ora konangan.
  • Wagune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane.
          

C. UNSUR INTRINSIK CRITA RAKYAT

  • Tema , yaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari lakuning crita.
  • Latar/ setting , yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektu, papan panggonan kan sosial budaya.
  • Paraga ,yaiku  paraga ing sajroning crita.
  • Amanat , yaiku pesen kang ana ing crita.
  • Sudut pandang , yaiku nyritakake tokoh, barang, kan sapanunggale.


D. WUJUDE CRITA RAKYAT MITURUT WILLIAM R.BASCOM


  • Mitos , yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan. Kedadeyan ing alam dharatan, segara utawa langit. Tuladha : Crita Nyi Roro Kidul.
  • Legenda , yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan, biyasane crita mau ana petilasane arupo watu, gunung kali lan sapanunggale. Tuladha : Crita Baru Klinthing.
Dongeng , yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladha : Kancil Nyolong Timun. 


E. SINOPSIS


           Sinopsis yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cekak, nanging bisa njlentrehake crita sakabehane.
          Bab-bab kang kudu digatekake nalika nulis sinopsis yaiku : 
  1.  Tema , yaiku gagasan pokok utawa pokok cerita
  2. Latar , yaiku papan kan wektu dumadine prastawa
  3. Alur , lakuning crita.
  4. Penokohan



Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2
                 Kelas XI/SMA/SMK/MA

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Pakaian Adat Jawa